![]() |
Foto. Mimi Wangi Sangga Mulya Bhakti |
Basa Dermayon | Time Global News
Ana bocah limalas sing teka awit dina Senén, 1 Juli 2019 ning Sanggar Mulya Bhakti, Tambi Sliyeg Indramayu.
Bocah-bocah SMA/SMK iku arep nyantrik ning maestro tari topeng, Wangi Indriya. Ana sing Sumatera, Kalimantan, Sulawesi, uga Pulo Jawa. Rencanané sampé tanggal 14 Juli 2019.
Bocah-bocah iku kepilih ning program BBM utawa Belajar Bersama Maestro (BBM) sawisé diseleksi ning tim sing ditugasi Direktorat Kesenian. Sedurungé, bocah-bocah iku ndaptar secara online (uga karo video kemampuan seni).
Rupané bocah limalas mau kepilih, lan olihé ning mimi Wangi Indriya. Séjén-séjéné ana sing kebagian nyantrik ning Didik Nini Thowok, Tisna Sanjaya, Purwa Caraka, Addie M.S. (kabéhé 20 maestro). Tim sing milih antarané yaiku Nungky Kusumastuti, Ratna Riantiarno, Ari F. Batubara, Wicaksono Adi, Frans Sartono.
"Ada rasa tegang saat mulai belajar. Tapi seiring berjalannya waktu, rasa tegang itu hilang," kocapé Ruri Selvi Anggraeni, peserta sing Kab. Tanggamus, Lampung.
"Di sanggar ini mengasyikkan dan banyak pelajaran," jaré Nesya Salsabila, sing Kab. Bone, Sulawesi Selatan.
Perkara tari topéng rupané durung pada weruh, tapi nyenengaken, jéh. Jaré Ade Cipta Syahbani, sing Kab. Deli Serdang, Sumatera Utara, "Banyak menginspirasi. Tari topeng melambangkan karakter manusia."
Limalas bocah iku seneng, semanget, lan bérag blajar tari topéng. Aran-aran bocah iku, yaiku Sharly Lola Vianda (Aceh), Ade Cipta Syahbani (Sumut), Putri Indayanti (Sumut), Conan Abdul Aziz (Jateng), Maulana (Jabar), Dian Agustina (Jatim), Ruri Selvi Anggraeni (Lampung), Didah Siti Adawiyah (Lampung), Indah Rahma Cahyani (Sulbar), A. Dika Aulya Fahrul (Sulsel), Safirudin (Sultra), Sofia Ghina Sahira (Sumsel), Ayla Alfadilah (Kaltara), Nesya Salsabila (Sulsel), Sabillah Amelia Putri (Jateng).
Bocah limalas iku nembé ketemu, terus kudu nyantrik bareng, urip bareng ning désa sing adoh karo umahé déwék. Untungé bisa gampang kenal lan akrab. Apa maning ning sela-sela latihan sering ana guyonan lan dolanan.
Para asisten Wangi bisa gawé ramé lan seru, yaiku Aries Sutanto, Tri Novita Sari, Duli Heriyanto, Fiqy Rizqy Soeharto Putra Prasetya, Putri Sekarningrum, Astiyah Putri Pelani, lan si kembar Ikhsan Sadiyah & Akhsin Sadkiiuen.
Sumber Supali kasim
Red
0 Komentar